Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:8-25 Kitab Sutji (JAV)

8. Gusti Allah lajeng maringi prajanjian tetak dhateng panjenengaipun, sarta makaten anggenipun Rama Abraham peputra Iskak, ingkang nunten dipun supiti ing wolung dintenipun. Dene Rama Iskak nurunaken Rama Yakub, tuwin Rama Yakub nurunaken bapa-lajer leluhur kita kalih welas.

9. Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,

10. sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, nata ing Mesir, lajeng kawisudha dening Sang Prabu Pringon dados ingkang ngasta panguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kratonipun sadaya.

11. Ing saindenging tanah Mesir lan ing tanah Kanaan lajeng kedhatengan bebaya pailan saha kasisahan ageng, ngantos leluhur kita boten saged angsal tedha.

12. Nanging sareng Rama Yakub midhanget, bilih ing tanah Mesir wonten gandum, lajeng utusan para leluhur kita mrika. Punika ingkang kapisan.

13. Sareng lampahipun ingkang kaping kalih, Sang Yusuf waleh dhateng para sadherekipun, satemah asal-usulipun Sang Yusuf lajeng kauningan dening Sang Pringon.

14. Sang Yusuf lajeng utusan mboyongi ingkang rama Yakub saha sadaya sanak sadherekipun, cacah jiwa wonten pitung dasa gangsal.

15. Rama Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana seda dalah leluhur kita.

16. Layonipun sami kabekta dhateng ing kitha Sikhem, kasarekaken wonten ing pasarean, ingkang sampun dipun pundhut dening Rama Abraham kalayan arta salaka saking para putranipun Sang Hemor ing Sikhem.

17. Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah dhateng Rama Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir,

18. ngantos wonten ratu sanes ingkang ngasta peprentahan ing tanah Mesir, ingkang boten ngretos bab Yusuf.

19. Ratu punika ngempakaken paekan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados bangsa kita punika sampun ngantos tumangkar.

20. Kala samanten punika Nabi Musa miyos, rupinipun bagus saha dados keparenging Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.

21. Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu dening putranipun putri Sang Prabu Pringon, ingkang dhawuh nggulawenthah kados putranipun piyambak.

22. Nabi Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kalangkungan micara saha ing pandamel.

23. Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhe nuweni para kadangipun inggih punika tiyang Israel.

24. Nalika punika panjenenganipun mirsa tiyang dipun kaniaya dening tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun belani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.

25. Pangintenipun, para kadangipun badhe mangretos, bilih panjenenganipun dipun agem dening Gusti Allah ngluwari piyambakipun sadaya, nanging sami boten mangretos.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7