Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:54-60 Kitab Sutji (JAV)

54. Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabeh, padha rumaos kecocog panggalihe sarta padha nglawan kalawan kerot-kerot waja.

55. Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.

56. Nuli ngandika: “Sanyata, aku weruh langit piyak lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengening Allah.”

57. Wong-wong nuli pada bengok-bengok nempuh marang Sang Stefanus kalawan nutupi kupinge.

58. Banjur diglandhang menyang ing sajabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepe wong nom-noman kang jenenge Saulus.

59. Sang Stefanus sajrone dibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “Dhuh Gusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula.

60. Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7