Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Panjenenganipun lajeng linggar saking tanahipun tiyang Kasdim, saha dedalem wonten ing kitha Haran. Sasedanipun ingkang rama, lajeng kadhawuhan dening Gusti Allah pindhah saking ngriku dhateng ing tanah ngriki, ingkang sami panjenengan dalemi sapunika.

5. Wonten ing ngriku Gusti Allah boten maringi warisan dhateng panjenenganipun, malah siti sapecak kemawon boten, nanging paring prajanji, badhe maringaken tanah punika dados kagunganipun turun-tumurun sanadyan kala samanten dereng peputra.

6. Saha Gusti Allah nunten ngandika, bilih tedhak turunipun badhe dados tiyang neneka wonten ing nagari manca punapa malih badhe kadadosaken rencang tumbasan sarta dipun kaniaya laminipun kawan atus taun.

7. Nanging bangsa kang bakal dikawulani iku -- makaten pangandikanipun Gusti Allah -- bakal Sunadili, lan sawise iku, bakal padha metu saka ing kono tuwin bakal ngabekti marang Ingsun ana ing panggonan kene.

8. Gusti Allah lajeng maringi prajanjian tetak dhateng panjenengaipun, sarta makaten anggenipun Rama Abraham peputra Iskak, ingkang nunten dipun supiti ing wolung dintenipun. Dene Rama Iskak nurunaken Rama Yakub, tuwin Rama Yakub nurunaken bapa-lajer leluhur kita kalih welas.

9. Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,

10. sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, nata ing Mesir, lajeng kawisudha dening Sang Prabu Pringon dados ingkang ngasta panguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kratonipun sadaya.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7