Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:39-59 Kitab Sutji (JAV)

39. Nanging leluhur kita boten sami mbangun-turut dhateng panjenenganipun, malah dipun tampik. Ing salebeting manah sami kapengin wangsul dhateng ing tanah Mesir.

40. Dhateng Sang Harun aturipun makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken allah-allah sawatawis, ingkang badhe tindak wonten ing sangajeng kula, amargi Nabi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking ing tanah Mesir -- kula sami boten sumerep ing kadadosanipun.

41. Kala samanten lajeng sami damel rerekan pedhet, sarta brahala punika nunten dipun sajeni, saha lajeng sami sukan-sukan ing bab punapa ingkang dipun damel piyambak punika.

42. Gusti Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau saha dipun umbar anggenipun sami nyembah dhateng ing wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaseratan wonten ing kitabipun para nabi makaten:Apa sira tau nyaosake kurban sembelehan lan pisungsung marang Ingsun,sajrone patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, heh turune Israel?

43. Ora tau, malah sira padha ngusung tarube Molokh lan lintange dewa Refan,reca-reca kang padha sira gawe sarta sira dadekake sesembahan.Mulane sira bakal Sunbuwang nganti tekan ing sisih kananing tanah Babil.

44. Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.

45. Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.

46. Sang Prabu Dawud sampun tampi sih-rahmat wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saha nyuwun, pinarengna ngadegaken satunggaling padaleman kagem Allahipun Rama Yakub.

47. Nanging Sang Prabu Suleman ingkang yasa padaleman kagem Gusti Allah.

48. Namung kemawon Ingkang Mahaluhur boten dedalem ing yeyasaning tanganipun manungsa, kados ingkang kapangandikakaken dening nabi makaten:

49. Langit iku dhamparingSun,sarta bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun.Padaleman apa kang bakal sira yasa kagem Ingsun?mangkono pangandikaning Pangeran, utawa apa panggonan palerebaningSun?

50. Apa dudu astaningSun piyambak kang yasa samubarang iki kabeh?

51. Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.

52. Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.

53. sampeyan sampun sami tampi angger-anggering Toret, ingkang dipun paringaken lumantar para malaekat, nanging sami boten sampeyan tetepi.”

54. Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabeh, padha rumaos kecocog panggalihe sarta padha nglawan kalawan kerot-kerot waja.

55. Nanging Sang Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.

56. Nuli ngandika: “Sanyata, aku weruh langit piyak lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengening Allah.”

57. Wong-wong nuli pada bengok-bengok nempuh marang Sang Stefanus kalawan nutupi kupinge.

58. Banjur diglandhang menyang ing sajabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepe wong nom-noman kang jenenge Saulus.

59. Sang Stefanus sajrone dibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “Dhuh Gusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7