Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:31-41 Kitab Sutji (JAV)

31. Nabi Musa eram mirsani tetingalan punika, saha sareng nyelak badhe niti-priksa, nunten midhanget swaraning Pangeran makaten:

32. Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Iskak lan Yakub. Nabi Musa satemah gumeter saha ajrih mirsani.

33. Lajeng dipun pangandikani dening Pangeran: Uculana trumpahing sikilira, amarga panggonan kang sira idak iku bumi kang suci.

34. Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsaraning umatingSun kang ana ing tanah Mesir, sarta wus miyarsakake ing pasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakal ngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutus menyang ing tanah Mesir.

35. Nabi Musa punika, ingkang sampun dipun tampik dening tiyang-tiyang wau kaliyan pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa? -- inggih Nabi Musa punika ingkang kautus dening Gusti Allah dados pangageng sarta juru pangluwaran, lumantar malaekat, ingkang sampun ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing grumbul eri.

36. Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.

37. Inggih Nabi Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israel: Gusti Allah bakal ngadegake nabi kaya aku iki kanggo ing kowe saka ing antarane para sadulurmu.

38. Inggih Nabi Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan wonten ing ara-ara-samun ing antawisipun malaekat ingkang nglairaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten ing redi Sinai kaliyan leluhur kita, saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng panjenengan sadaya.

39. Nanging leluhur kita boten sami mbangun-turut dhateng panjenenganipun, malah dipun tampik. Ing salebeting manah sami kapengin wangsul dhateng ing tanah Mesir.

40. Dhateng Sang Harun aturipun makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken allah-allah sawatawis, ingkang badhe tindak wonten ing sangajeng kula, amargi Nabi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking ing tanah Mesir -- kula sami boten sumerep ing kadadosanipun.

41. Kala samanten lajeng sami damel rerekan pedhet, sarta brahala punika nunten dipun sajeni, saha lajeng sami sukan-sukan ing bab punapa ingkang dipun damel piyambak punika.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7