Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:24-35 Kitab Sutji (JAV)

24. Nalika punika panjenenganipun mirsa tiyang dipun kaniaya dening tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun belani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.

25. Pangintenipun, para kadangipun badhe mangretos, bilih panjenenganipun dipun agem dening Gusti Allah ngluwari piyambakipun sadaya, nanging sami boten mangretos.

26. Enjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israel kalih ingkang saweg kekerengan, tumunten mbudidaya badhe ngrukunaken, pangandikanipun: Para sadulur, kowe iku rak padha sadulur? Yagene kok padha siya-siniya?

27. Nanging tiyang ingkang daksiya dhateng kancanipun punika lajeng mabeni Nabi Musa, aturipun:

28. Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa kula? Punapa panjenengan kagungan karsa badhe mejahi kula, kadosdene anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir kala wingi punika?

29. Sareng midhanget atur makaten punika, Nabi Musa lajeng lolos saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih.

30. Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.

31. Nabi Musa eram mirsani tetingalan punika, saha sareng nyelak badhe niti-priksa, nunten midhanget swaraning Pangeran makaten:

32. Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Iskak lan Yakub. Nabi Musa satemah gumeter saha ajrih mirsani.

33. Lajeng dipun pangandikani dening Pangeran: Uculana trumpahing sikilira, amarga panggonan kang sira idak iku bumi kang suci.

34. Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsaraning umatingSun kang ana ing tanah Mesir, sarta wus miyarsakake ing pasambate, tuwin Ingsun wus tumedhak bakal ngluwari; mulane mrenea, sira bakal Sunutus menyang ing tanah Mesir.

35. Nabi Musa punika, ingkang sampun dipun tampik dening tiyang-tiyang wau kaliyan pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa? -- inggih Nabi Musa punika ingkang kautus dening Gusti Allah dados pangageng sarta juru pangluwaran, lumantar malaekat, ingkang sampun ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing grumbul eri.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7