Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:12-29 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging sareng Rama Yakub midhanget, bilih ing tanah Mesir wonten gandum, lajeng utusan para leluhur kita mrika. Punika ingkang kapisan.

13. Sareng lampahipun ingkang kaping kalih, Sang Yusuf waleh dhateng para sadherekipun, satemah asal-usulipun Sang Yusuf lajeng kauningan dening Sang Pringon.

14. Sang Yusuf lajeng utusan mboyongi ingkang rama Yakub saha sadaya sanak sadherekipun, cacah jiwa wonten pitung dasa gangsal.

15. Rama Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana seda dalah leluhur kita.

16. Layonipun sami kabekta dhateng ing kitha Sikhem, kasarekaken wonten ing pasarean, ingkang sampun dipun pundhut dening Rama Abraham kalayan arta salaka saking para putranipun Sang Hemor ing Sikhem.

17. Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah dhateng Rama Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir,

18. ngantos wonten ratu sanes ingkang ngasta peprentahan ing tanah Mesir, ingkang boten ngretos bab Yusuf.

19. Ratu punika ngempakaken paekan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados bangsa kita punika sampun ngantos tumangkar.

20. Kala samanten punika Nabi Musa miyos, rupinipun bagus saha dados keparenging Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun.

21. Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu dening putranipun putri Sang Prabu Pringon, ingkang dhawuh nggulawenthah kados putranipun piyambak.

22. Nabi Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kalangkungan micara saha ing pandamel.

23. Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhe nuweni para kadangipun inggih punika tiyang Israel.

24. Nalika punika panjenenganipun mirsa tiyang dipun kaniaya dening tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun belani, tiyang Mesir wau dipun pejahi.

25. Pangintenipun, para kadangipun badhe mangretos, bilih panjenenganipun dipun agem dening Gusti Allah ngluwari piyambakipun sadaya, nanging sami boten mangretos.

26. Enjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israel kalih ingkang saweg kekerengan, tumunten mbudidaya badhe ngrukunaken, pangandikanipun: Para sadulur, kowe iku rak padha sadulur? Yagene kok padha siya-siniya?

27. Nanging tiyang ingkang daksiya dhateng kancanipun punika lajeng mabeni Nabi Musa, aturipun:

28. Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa kula? Punapa panjenengan kagungan karsa badhe mejahi kula, kadosdene anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir kala wingi punika?

29. Sareng midhanget atur makaten punika, Nabi Musa lajeng lolos saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7