Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 6:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Anadene Sang Stefanus iku penuh ing rahmat lan panguwasa, nganakake mukjijat-mukjijat lan pratandha-pratandha ana ing antarane wong akeh.

9. Nanging banjur ana wong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kang kaaranan pasamuwane wong Libertini -- para wargane pasamuwan iku wong saka ing kutha Kirene lan kutha Aleksandria -- bebarengan karo wong Yahudi sawatara saka ing tanah Kilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahan karo Sang Stefanus,

10. nanging padha ora bisa nglawan kawicaksanane sarta Sang Roh Suci, kang nuntun pamicarane.

11. Nuli padha ngojok-ojoki wong sawatara supaya padha duwea atur mangkene: “Kula sampun sami mireng piyambakipun nyenyamah dhumateng Nabi Musa saha Gusti Allah.”

12. Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha nggegerake wong akeh lan para pinituwa tuwin para ahli Toret; tumuli padha ngebyuk marang Sang Stefanus, diglandhang diladekake marang ing ngarsane Pradata Agama,

13. sarta banjur ngajokake seksi-seksi palsu kang padha matur mangkene: “Tiyang punika boten kendel-kendel anggenipun nglairaken pitembungan ingkang nyenyamah dhateng panggenan suci punika saha dhateng angger-anggering Toret,

14. amargi kula sampun sami mireng wicantenipun, bilih Yesus, tiyang Nasaret punika badhe mbibrah panggenan punika tuwin badhe nyantuni adat-tata-cara peparingipun Nabi Musa dhateng kita.”

15. Kabeh kang padha lenggah ing Pradata Agama padha ngawasake marang Sang Stefanus, banjur padha mirsa pasuryane Sang Stefanus kaya pasuryaning malaekat.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 6