Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 6:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. Mulane rasul rolas banjur nimbali kabeh para siswa, padha diklumpukake lan dipangandikani: “Aku padha rumangsa ora marem, dene marga saka leladi mangan banjur nglirwakake pangandikaning Allah.

3. Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku

4. satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.”

5. Usul iku diturut dening wong sapasamuwan kabeh, banjur milih Stefanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parmenas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka ing Antiokhia.

6. Wong iku padha diajokake marang ing ngarsane para rasul, kang banjur padha ndongakake sarta numpangi asta.

7. Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahe siswa ing Yerusalem saya mundhak akeh. Dalah para imam akeh kang padha manut lan manjing pracaya.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 6