Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 6:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika iku, bareng cacahe para siswa saya wuwuh, tumuli thukul pangumel-umel ing antarane wong-wong Yahudi kang basane Yunani marang wong-wong Ibrani, amarga anggone nyadhongi para randhane ing paladen saben dinane kalirwakake.

2. Mulane rasul rolas banjur nimbali kabeh para siswa, padha diklumpukake lan dipangandikani: “Aku padha rumangsa ora marem, dene marga saka leladi mangan banjur nglirwakake pangandikaning Allah.

3. Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku

4. satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 6