Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 5:8-23 Kitab Sutji (JAV)

8. Rasul Petrus ngandika marang dheweke: “Aku kandhanana, apa palemahane kokedol kalawan rega samono?” Wangsulane wong wadon iku: “Inggih samanten.”

9. Pangandikane Rasul Petrus: “Yagene kowe sakloron padha ayon nyoba marang Rohing Pangeran? Delengen, wong-wong sing mentas ngubur bojomu padha ngadeg ana ing ngarep lawang, iku uga bakal nggotong kowe metu.”

10. Wong wadon iku banjur ambruk sanalika iku uga ana ing ngarsane Rasul Petrus lan apegat nyawa. Nalika para nonoman padha lumebu, dheweke tinemu wis mati, banjur digotong metu lan dikubur sandhing sing lanang.

11. Wong sapasamuwan kabeh sarta wong kang krungu bab iku padha banget wedine.

12. Anadene para rasul padha nganakake pratandha lan mukjijat akeh ana ing antarane wong akeh. Kabeh wong kang padha pracaya tansah padha nglumpuk ana ing Bangsal Suleman ing sajrone patunggalan kang raket.

13. Wong-wong liyane ora ana kang wani ngemori, nanging wong akeh padha banget anggone ngajeni marang para rasul.

14. Karodene cacahe wong kang padha pracaya marang Gusti saya wuwuh-wuwuh, lanang lan wadon,

15. malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.

16. Dalah saka ing kutha-kutha ing sakubenging Yerusalem padha teka gumrudug nggawa wong kang padha lara utawa kang padha kabidhung ing roh reged. Kabeh padha kawaluyakake.

17. Wasana, marga saka bangeting drengkine, Imam Agung lan para pandhereke, yaiku wong-wong saka golongan Saduki, padha tumandang.

18. Para rasul padha dicepeng lan dilebetake ing pakunjaran kutha.

19. Nanging bareng bengi ana malaekate Pangeran kang ngengakake lawang-lawange pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika:

20. “Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.”

21. Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun esuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhereke dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulane para pinituwaning bangsa Israel, sarta banjur dhawuh marani para rasul menyang ing pakunjaran.

22. Nanging bareng para abdi tekan ing pakunjaran, para rasul ora ketemu ana ing kono. Banjur padha bali ngaturi uninga,

23. ature: “Wau pakunjaran pinanggih taksih kuncen kekah, sarta sadaya tiyang jagi wonten ing papan panjagenipun ing ngajeng kori, nanging sareng kula wengakaken, ing nglebet pinanggih boten wonten tiyangipun satunggal-tunggala.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 5