Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 5:36-42 Kitab Sutji (JAV)

36. Amargi kala rumiyin sampun muncul pun Teudas, ingkang ngaken tiyang linangkung saha ingkang gadhah bala kirang langkung tiyang kawan atus; nanging piyambakipun lajeng dipun pejahi, para panganutipun sadaya sami buyar saha sirna.

37. Sesampunipun piyambakipun, nalika dipun wontenaken cacah-jiwa, pun Yudas muncul, tiyang Galilea. Kathah tiyang ingkang kasered ing pambalilanipun, nanging piyambakipun inggih tiwas, sadaya panganutipun sami buyar.

38. Awit saking punika atur kula dhateng panjenengan sadaya: Sampun tumindak punapa-punapa tumrap tiyang-tiyang punika. Sami kaetogna kemawon, awit manawi kakajengan saha pandamelipun punika asalipun saking manungsa, tamtu badhe sirna,

39. nanging manawi asalipun saking Gusti Allah, panjenengan sadaya boten badhe saged nyirnakaken tiyang-tiyang punika; bokmanawi mangke badhe kabukten ugi, bilih panjenengan sami lumawan dhumateng Gusti Allah.” Pamrayoga iku diturut.

40. Para rasul padha ditimbali lan disapu sarta dilarang, ora kena memulang atas Asmane Yesus. Sawise mangkono padha kelilan mundur.

41. Para rasul padha mundur saka ing ngarsane Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yesus.

42. Sarta saben dina padha mbacutake anggone memulang ana ing Padaleman Suci lan ana ing omah-omah tuwin martakake Injil, kang mratelakake, yen Sang Kristus iku Gusti Yesus.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 5