Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 5:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ana wong liyane, jenenge Ananias karo bojone aran Safira, adol palemahan.

2. Kanthi sarujuke bojone dheweke ngunthet saperangane pepayone iku, dene liyane banjur digawa diladekake marang ing ngarsane para rasul.

3. Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?

4. Saupama palemahan iku ora diedol, apa iku ora tetep dadi duwekmu, lan sawise diedol, apa pepayone iku ora tetep kokkuwasani? Yagene kowe kok ngrancang pratingkah mangkono ana ing atimu? Dudu manungsa kang kokgorohi, nanging Gusti Allah.”

5. Bareng Ananias krungu pangandika mangkono iku, banjur ambruk apegat nyawa, temah wong kabeh kang krungu bab iku padha wedi banget.

6. Para nonoman tumuli padha teka, ngulesi mayite, banjur digotong metu sarta dikubur.

7. Sawise watara telung jam bojone Ananias lumebu, nanging ora sumurup apa kang mentas kalakon.

8. Rasul Petrus ngandika marang dheweke: “Aku kandhanana, apa palemahane kokedol kalawan rega samono?” Wangsulane wong wadon iku: “Inggih samanten.”

9. Pangandikane Rasul Petrus: “Yagene kowe sakloron padha ayon nyoba marang Rohing Pangeran? Delengen, wong-wong sing mentas ngubur bojomu padha ngadeg ana ing ngarep lawang, iku uga bakal nggotong kowe metu.”

10. Wong wadon iku banjur ambruk sanalika iku uga ana ing ngarsane Rasul Petrus lan apegat nyawa. Nalika para nonoman padha lumebu, dheweke tinemu wis mati, banjur digotong metu lan dikubur sandhing sing lanang.

11. Wong sapasamuwan kabeh sarta wong kang krungu bab iku padha banget wedine.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 5