Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 4:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yokanan lan Aleksandher apadene kabeh wong, kang kagolong trah Imam Agung.

7. Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur diladekake marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu mangkene: “Panggawemu kang mangkono mau kalawan panguwasa apa lan atas jenenge sapa?”

8. Rasul Petrus, kapenuhan ing Sang Roh Suci, tumuli matur: “Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh,

9. sarehning sapunika kula sami kapriksa bab pandamel sae dhateng tiyang sakit saha kedah nerangaken kalayan panguwaos ingkang pundi tiyang punika anggenipun kasarasaken,

10. pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israel sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Gusti Yesus Kristus saking Nasaret, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah dening Gusti Allah -- inggih margi saking Gusti Yesus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.

11. Gusti Yesus punikasela ingkang kabucal dening para juru yasa padaleman-- inggih punika panjenengan piyambak --ewadene sampun dados selaning pepojok.

12. Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”

13. Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 4