Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 4:3-16 Kitab Sutji (JAV)

3. Banjur padha dicepeng lan ditahan nganti dina candhake, amarga wayahe wis sore.

4. Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.

5. Kacarita esuke para pangarepe wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Toret padha nganakake parepatan ana ing Yerusalem

6. karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yokanan lan Aleksandher apadene kabeh wong, kang kagolong trah Imam Agung.

7. Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur diladekake marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu mangkene: “Panggawemu kang mangkono mau kalawan panguwasa apa lan atas jenenge sapa?”

8. Rasul Petrus, kapenuhan ing Sang Roh Suci, tumuli matur: “Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh,

9. sarehning sapunika kula sami kapriksa bab pandamel sae dhateng tiyang sakit saha kedah nerangaken kalayan panguwaos ingkang pundi tiyang punika anggenipun kasarasaken,

10. pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israel sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Gusti Yesus Kristus saking Nasaret, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah dening Gusti Allah -- inggih margi saking Gusti Yesus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.

11. Gusti Yesus punikasela ingkang kabucal dening para juru yasa padaleman-- inggih punika panjenengan piyambak --ewadene sampun dados selaning pepojok.

12. Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”

13. Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.

14. Nanging sarehne padha mirsani wong kang diwarasake iku ngadeg ana ing sandhinge para rasul, dadi ora bisa mabeni apa-apa.

15. Para rasul tumuli didhawuhi metu saka ing papan parepatan, pradata banjur pirembagan,

16. pangandikane: “Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyang ingkang manggen ing kitha Yerusalem, bilih kekalihipun sami ngawontenaken satunggaling mukjijat ingkang nyolok, ingkang boten saged kita selaki.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 4