Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 4:22-37 Kitab Sutji (JAV)

22. Jalaran wong kang kawaluyakake dening mukjijat iku umure wis luwih saka patang puluh taun.

23. Sawise kaluwaran Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur tindak menyang ing panggonane mitra-mitrane sarta banjur nyariyosake bab apa kang wis didhawuhake dening para pangareping imam lan para pinituwa.

24. Bareng para mitrane krungu bab iku, banjur padha bebarengan nyebut marang Gusti Allah, unjuke: “Dhuh Pangeran, Paduka ingkang nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya,

25. sarta ingkang sampun ngandika kanthi pakaryaning Sang Roh Suci lumantar abdi Paduka Prabu Dawud, leluhur kawula sadaya, makaten:Yagene para bangsa padha waringuten,lan para suku-bangsane padha ngangen-angen prakara kang tanpa guna?

26. Para raja ing donya padha siyaga lan para panggedhe padha nglumpuk arep lumawan marang Pangeran lan marang Jebadane.

27. Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi

28. sami nglampahi sadaya ingkang sampun Paduka tamtokaken wiwit sakawit kanthi panguwaos saha margi saking karsa Paduka.

29. Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.

30. Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”

31. Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel.

32. Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.

33. Sabanjure para rasul anggone nekseni bab wungune Gusti Yesus kalawan panguwasa kang gedhe sarta kabeh padha kaluberan ing sih-rahmat.

34. Sabab ora ana wong siji-sijia ing panunggalane kang kekurangan, amarga kabeh wong kang duwe palemahan utawa omah, iku padha diedol, pepayone digawa

35. diladekake marang ing ngarsane para rasul, banjur diedum-edum marang saben wong, manut kabutuhane.

36. Samono uga Yusuf, kang diparabi Barnabas dening para rasul tegese anaking panglipur, wong Lewi saka ing pulo Siprus.

37. Iku duwe pategalan, diedol, dhuwit pepayone banjur digawa kaladekake marang ing ngarsane para rasul.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 4