Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 4:12-25 Kitab Sutji (JAV)

12. Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”

13. Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.

14. Nanging sarehne padha mirsani wong kang diwarasake iku ngadeg ana ing sandhinge para rasul, dadi ora bisa mabeni apa-apa.

15. Para rasul tumuli didhawuhi metu saka ing papan parepatan, pradata banjur pirembagan,

16. pangandikane: “Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyang ingkang manggen ing kitha Yerusalem, bilih kekalihipun sami ngawontenaken satunggaling mukjijat ingkang nyolok, ingkang boten saged kita selaki.

17. Namung kemawon supados bab punika sampun ngantos saya sumebar wonten ing satengahing tiyang kathah, prayoginipun tiyang kalih punika kita ancam saha kita awisi, supados sampun ngantos pirembagan malih kaliyan sintena kemawon atas asma punika.”

18. Bareng karone wis didhawuhi lumebu, padha didhawuhi supaya babar pisan aja rembugan utawa memulang maneh kalawan asmane Gusti Yesus.

19. Nanging Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha mangsuli: “Panjenengan kula aturi nggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsaning Allah: nurut dhateng panjenengan sadaya punapa dhateng Gusti Allah.

20. Amargi tumrap kula sadaya boten saged kendel anggen kula sami pirembagan bab punapa ingkang sampun sami kula tingali sarta ingkang sampun sami kula pireng.”

21. Pradata saya banget anggone ngancam marang para rasul mau, nanging wekasan iya banjur padha dililani mundur, sabab parepatan ora manggih bab kang kena diagem ngukum, amarga ajrih marang wong akeh, kang padha ngluhurake asmane Gusti Allah, awit saka anane bab kang mentas kalakon.

22. Jalaran wong kang kawaluyakake dening mukjijat iku umure wis luwih saka patang puluh taun.

23. Sawise kaluwaran Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur tindak menyang ing panggonane mitra-mitrane sarta banjur nyariyosake bab apa kang wis didhawuhake dening para pangareping imam lan para pinituwa.

24. Bareng para mitrane krungu bab iku, banjur padha bebarengan nyebut marang Gusti Allah, unjuke: “Dhuh Pangeran, Paduka ingkang nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya,

25. sarta ingkang sampun ngandika kanthi pakaryaning Sang Roh Suci lumantar abdi Paduka Prabu Dawud, leluhur kawula sadaya, makaten:Yagene para bangsa padha waringuten,lan para suku-bangsane padha ngangen-angen prakara kang tanpa guna?

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 4