Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 3:4-19 Kitab Sutji (JAV)

4. Karone padha mirsani wong iku sarta Rasul Petrus tumuli ngandika: “Aku ingetna.”

5. Wong mau iya banjur mandeng marang karone kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa.

6. Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!”

7. Panjenengane banjur ngasta tangane tengen wong mau, nulungi anggone ngadeg. Sanalika iku uga sikile lan poloke wong mau dadi kukuh,

8. tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku mrana-mrene sarta banjur ndherek karone lumebu menyang ing Padaleman Suci, kalawan lumaku lincak-lincak sarta memuji marang Gusti Allah.

9. Rakyat weruh kabeh anggone mlaku-mlaku kambi memuji marang Gusti Allah iku

10. sarta iya banjur padha ora pangling, yen wong iku kang adate lungguh ngemis ana ing Gapura Endah ing Padaleman Suci, satemah padha kaeraman lan kegawokan marang apa kang wus kalakon mungguh ing wong mau.

11. Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Suleman.

12. Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene penjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?

13. Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.

14. Nanging panjenengan sampun nampik Ingkang Suci saha leres, sarta ngarsakaken tiyang ingkang damel pepejah, supados kaparingaken dhateng panjenengan.

15. Margi saking makaten punika, dados panjenengan nyedani Panjenenganipun ingkang dados Panuntuning gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.

16. Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika; sarta kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.

17. Para sadherek, kula mangretos, bilih anggen panjenengan sami tumindak makaten punika, amargi saking kiranging pangretosan, sami kados para pangageng panjenengan sadaya.

18. Nanging kanthi patrap makaten Gusti Allah sampun kelampahan nuhoni punapa ingkang kala rumiyin kapangandikakaken lumantar para nabinipun, inggih punika bilih Sang Mesih ingkang kautus punika kedah nandhang sangsara.

19. Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 3