Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 3:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina, ngarepake wektu sembahyang, yaiku jam telu awan, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha minggah menyang ing Padaleman Suci.

2. Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulane saben dina digendhong lan diselehake ing sacedhake gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Endah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang ing Padaleman Suci.

3. Bareng wong mau weruh Rasul Petrus lan Rasul Yokanan arep lumebet menyang ing Padaleman Suci, banjur nyuwun peparing.

4. Karone padha mirsani wong iku sarta Rasul Petrus tumuli ngandika: “Aku ingetna.”

5. Wong mau iya banjur mandeng marang karone kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa.

6. Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!”

7. Panjenengane banjur ngasta tangane tengen wong mau, nulungi anggone ngadeg. Sanalika iku uga sikile lan poloke wong mau dadi kukuh,

8. tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku mrana-mrene sarta banjur ndherek karone lumebu menyang ing Padaleman Suci, kalawan lumaku lincak-lincak sarta memuji marang Gusti Allah.

9. Rakyat weruh kabeh anggone mlaku-mlaku kambi memuji marang Gusti Allah iku

10. sarta iya banjur padha ora pangling, yen wong iku kang adate lungguh ngemis ana ing Gapura Endah ing Padaleman Suci, satemah padha kaeraman lan kegawokan marang apa kang wus kalakon mungguh ing wong mau.

11. Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Suleman.

12. Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene penjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?

13. Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 3