Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 28:28-31 Kitab Sutji (JAV)

28. Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [

29. Sawuse Rasul Paulus ngandika mangkono, wong Yahudi banjur padha bubar kalawan bebencengan ing panemu kang akeh.]

30. Kacarita Rasul Paulus nganti genep rong taun anggone manggen ana ing dalem kang disewa piyambak. Kabeh wong kang sowan padha ditampeni.

31. Panjenengane martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus Kristus kalawan tatag sarta ora ana kang mambengi.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 28