Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 28:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. Wong pribumi ing pulo kono becik banget tangkep marang aku kabeh. Padha gawe totor gedhe sarta banjur ngajak aku kabeh mrono, jalaran wis wiwit udan, lan hawane adhem.

3. Nalika Rasul Paulus mundhut kayu garing sabongkok lan ditumpangake ing geni mau, ana ula bedhudhak kang metu, amarga saka panase.

4. Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagaya, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”

5. Nanging Rasul Paulus nuli ngipatake ula mau menyang ing geni, dene panjenengan babar pisan ora apa-apa.

6. Ewadene wong-wong padha ngira, yen bakal abuh utawa bakal seda sanalika iku uga. Nanging dienteni nganti suwe, padha weruh, yen panjenengane ora apa-apa, satemah banjur mbalik panemune, ngarani, yen Rasul Paulus iku dewa.

7. Ora adoh saka ing panggonan kono ana palemahan, kagungane gupernur ing pulo iku. Gupernur iku asmane Publius. Iku kang nampani lan paring pamondhokan marang aku kabeh lawase telung dina kalawan rumaket.

8. Kacarita nalika samana ramane Sang Publius sarean bae marga gerah benter lan desentri. Rasul Paulus banjur tindak lumebet ing kamare nuli ndedonga sarta banjur numpangake astane ing sarirane, satemah dadi senggang.

9. Sawuse lelakon kang mangkono iku, wong-wong lara liyane ing pulo kono padha sowan, lan iya padha diwarasake.

10. Awit saka iku wong-wong mau banget anggone padha ngajeni marang aku kabeh sarta bareng aku padha mangkat, padha nyangoni apa sakabutuhanku.

11. Sawise telung sasi aku padha mangkat saka ing kono, nunggang kapal saka ing Aleksandria kang sasuwene mangka atis labuh ana ing pulo kono. Kapal mau nganggo lambang Dhioskuri.

12. Aku padha mampir ing kutha Sirakusa lan leren ana ing kono telung dina.

13. Saka ing kono banjur layar turut pasisir, nuli tekan ing kutha Regium. Sadinane maneh banjur ana angin saka kidul lan ing dina kapindhone padha tekan ing kutha Putioli.

14. Ana ing kono ketemu karo para warganing pasamuwan, banjur dipurih nginep pitung dina. Sawise mangkono nuli budhal menyang ing kutha Rum.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 28