Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 28:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Ananging tiyang-tiyang Yahudi sami mabeni, mila kula lajeng kapeksa nginggahaken prakawis punika dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung, nanging boten kanthi sedya badhe nggigataken bangsa kita.

20. Pramila kula lajeng ngaturi rawuh panjenengan sadaya prelu badhe pirembagan, amargi awit saking pangajeng-ajengipun bangsa Israel punika kula lajeng karante.”

21. Nanging banjur padha mangsuli: “Kula boten sami tampi serat-serat saking tanah Yudea bab panjenengan, punapa dene inggih boten wonten satunggal kemawon saking sadherek-sadherek kita ingkang mriki martosaken bab ingkang awon tumrap panjenengan.

22. Nanging kula sami kapengin mirengaken saking panjenengan, kadospundi pamanggih panjenengan, awit kula sami sumerep, bilih golongan punika wonten ing pundi-pundi dipun lawan.”

23. Banjur padha namtokake dinane. Ing dina kang wis katamtokake iku, wong-wong mau padha teka ing dalem pamondhokane Rasul Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksen bab Kratoning Allah sarta ngyakinake bab Gusti Yesus adhedhasar angger-anggere Nabi Musa lan kitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk nganti sore.

24. Ana kang banjur padha nganggep marang pangandikane, nanging iya ana kang tetep ora pracaya.

25. Banjur padha bubar kalawan bebencengan. Nanging Rasul Paulus isih nglairake pangandika satembung, kang mangkene: “Kasinggihan temen pangandikanipun Sang Roh Suci lumatar Nabi Yesaya dhateng leluhur kita, wiraosipun:

26. Sira maranana bangsa iki lan tutura:Sira bakal padha krungu, nanging ora mangreti,bakal ndeleng, nanging ora sumurup.

27. Sabab atine bangsa iki ndableg,lan kupinge wis dadi jampeng,tuwin mripate padha dieremake;supaya mripate aja nganti ndelenglan kupinge aja nganti krungutuwin atine aja nganti mangretibanjur mratobat temah Sunwarasake.

28. Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [

29. Sawuse Rasul Paulus ngandika mangkono, wong Yahudi banjur padha bubar kalawan bebencengan ing panemu kang akeh.]

30. Kacarita Rasul Paulus nganti genep rong taun anggone manggen ana ing dalem kang disewa piyambak. Kabeh wong kang sowan padha ditampeni.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 28