Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 28:17-24 Kitab Sutji (JAV)

17. Sawise telung dina Rasul Paulus nuli ngaturi rawuh para panggedhening bangsa Yahudi lan bareng wis padha nglumpuk, banjur dipangandikani mangkene: “Para sadherek, sanadyan kula boten kalepatan dhateng bangsa kita utawi dhateng adat-tata-caranipun para leluhur kita, ewadene kula dipun cepeng wonten ing kitha Yerusalem saha lajeng dipun pasrahaken dhateng tiyang Rum.

18. Sareng kula sampun kapriksa, sami sumedya ngluwari, amargi boten wonten kalepatan kula satunggal kemawon, ingkang pantes katrap ing paukuman pejah.

19. Ananging tiyang-tiyang Yahudi sami mabeni, mila kula lajeng kapeksa nginggahaken prakawis punika dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung, nanging boten kanthi sedya badhe nggigataken bangsa kita.

20. Pramila kula lajeng ngaturi rawuh panjenengan sadaya prelu badhe pirembagan, amargi awit saking pangajeng-ajengipun bangsa Israel punika kula lajeng karante.”

21. Nanging banjur padha mangsuli: “Kula boten sami tampi serat-serat saking tanah Yudea bab panjenengan, punapa dene inggih boten wonten satunggal kemawon saking sadherek-sadherek kita ingkang mriki martosaken bab ingkang awon tumrap panjenengan.

22. Nanging kula sami kapengin mirengaken saking panjenengan, kadospundi pamanggih panjenengan, awit kula sami sumerep, bilih golongan punika wonten ing pundi-pundi dipun lawan.”

23. Banjur padha namtokake dinane. Ing dina kang wis katamtokake iku, wong-wong mau padha teka ing dalem pamondhokane Rasul Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksen bab Kratoning Allah sarta ngyakinake bab Gusti Yesus adhedhasar angger-anggere Nabi Musa lan kitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk nganti sore.

24. Ana kang banjur padha nganggep marang pangandikane, nanging iya ana kang tetep ora pracaya.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 28