Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 28:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Sawise telung sasi aku padha mangkat saka ing kono, nunggang kapal saka ing Aleksandria kang sasuwene mangka atis labuh ana ing pulo kono. Kapal mau nganggo lambang Dhioskuri.

12. Aku padha mampir ing kutha Sirakusa lan leren ana ing kono telung dina.

13. Saka ing kono banjur layar turut pasisir, nuli tekan ing kutha Regium. Sadinane maneh banjur ana angin saka kidul lan ing dina kapindhone padha tekan ing kutha Putioli.

14. Ana ing kono ketemu karo para warganing pasamuwan, banjur dipurih nginep pitung dina. Sawise mangkono nuli budhal menyang ing kutha Rum.

15. Para sadulur ing kono wis padha krungu warta bab tekaku kabeh, banjur padha methuk nganti tekan ing papan kang aran Forum Apius lan ing Tres Taberne. Bareng Rasul Paulus mirsani para sadulur mau, banjur ngunjukake panuwun marang Gusti Allah sarta iku ndadekake santosaning panggalihe.

16. Bareng aku wis padha tekan ing kutha Rum, Rasul Paulus diparengake dedalem piyambak karo prajurit siji kang rumeksa.

17. Sawise telung dina Rasul Paulus nuli ngaturi rawuh para panggedhening bangsa Yahudi lan bareng wis padha nglumpuk, banjur dipangandikani mangkene: “Para sadherek, sanadyan kula boten kalepatan dhateng bangsa kita utawi dhateng adat-tata-caranipun para leluhur kita, ewadene kula dipun cepeng wonten ing kitha Yerusalem saha lajeng dipun pasrahaken dhateng tiyang Rum.

18. Sareng kula sampun kapriksa, sami sumedya ngluwari, amargi boten wonten kalepatan kula satunggal kemawon, ingkang pantes katrap ing paukuman pejah.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 28