Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 28:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng aku kabeh wis tekan ing pasisir kanthi slamet, aku lagi padha ngreti, yen pulo iku jenenge pulo Malta.

2. Wong pribumi ing pulo kono becik banget tangkep marang aku kabeh. Padha gawe totor gedhe sarta banjur ngajak aku kabeh mrono, jalaran wis wiwit udan, lan hawane adhem.

3. Nalika Rasul Paulus mundhut kayu garing sabongkok lan ditumpangake ing geni mau, ana ula bedhudhak kang metu, amarga saka panase.

4. Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagaya, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 28