Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 27:33-44 Kitab Sutji (JAV)

33. Bareng wis ngarepake raina, Rasul Paulus ngatag marang wong kabeh, padha dipurih mangan, pangandikane: “Sampun kawan welas dinten dangunipun anggen panjenengan sami ngantos-antos kemawon, nahan-nahanaken luwe boten dhahar punapa-punapa.

34. Milanipun kula ngaturi pamraogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kangge kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan boten wonten satunggal kemawon ingkang badhe kecalan rambut sanadyan namung saeler kemawon saking sirahipun.”

35. Sawise ngandika mangkono, panjenengane nuli mundhut roti, lan sawise saos sokur marang Gusti Allah ana ing ngarepe wong akeh, rotine banjur dicuwil-cuwil sarta wiwit dhahar.

36. Wong kabeh banjur padha lejar atine, lan iya banjur uga padha mangan.

37. Gunggungku kabeh kang ana ing kapal iku ana rong atus pitung puluh enem.

38. Sawise padha wareg, momotan gandum padha dibuwangi menyang ing sagara, supaya praune bisa entheng.

39. Lan bareng wis awan, wong-wong padha ndeleng sawijining teluk kang pasisire warata. Sanadyan padha durung tau weruh dharatan ing kono, ewasamono banjur mutus sabisa-bisa arep ngandhasake praune ana ing kono.

40. Tali-talining jangkar dikethoki, jangkare padha ditinggal ana ing dhasaring sagara. Tali-tali kemudhi padha diuculi, banjur masang layar panampek, supaya angin bisa nyurung praune menyang ing pasisir.

41. Nanging banjur nabrak klabar, temahan praune kandhas. Perangan kang ngarep ambles ora bisa obah, dene kang buri remuk marga saka panempuhing alun kang nggegirisi.

42. Nalika samana para prajurit sedyane arep mateni pasakitan kabeh, supaya ora ana siji-sijia kang bisa minggat kalawan nglangi.

43. Nanging opsire kapengin nggesangi Rasul Paulus. Mulane niyate para prajurit mau digagalake sarta prentah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan,

44. dene wong-wong liyane padha didhawuhi nusul kalawan migunakake blabag utawa pecahan-pecahan prau. Mangkono dadine wong kabeh mau padha bisa munggah ing dharatan kanthi slamet.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 27