Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 27:24-40 Kitab Sutji (JAV)

24. sarta ngandika: “Aja wedi, Paulus! Kowe kudu sowan marang ing ngarsane Sang Nata Agung lan sanyatane marga sih-rahmating Allah, kabeh wong kang bebarengan karo kowe ana ing prau iki bakal padha slamet, marga saka kowe.

25. Milanipun dipun tatag kemawon panggalih panjenengan, para sadherek! Awit kula pitados dhateng Gusti Allah, bilih sadaya tamtu badhe kalampahan, kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula wau.

26. Ananging kula sadaya kedah ngandhasaken baita punika wonten ing salah satunggaling pulo.”

27. Nalika ing bengine kang kaping patbelas aku kabeh isih terus diontang-antingake ana ing sagara Adria. Nanging bareng tengah wengi wong-wong prau padha krasa, yen wis cedhak karo dharatan.

28. Banjur ngukur jerone nganggo bandhul jajagan, tinemu rong puluh dhepa. Bareng wis maju sawatara, nuli njajagi maneh, tinemu limalas dhepa.

29. Sarehne aku kabeh sumelang, yen bakal kandhas ing salah sawijining parang, mulane wong-wong padha mbuwangi jangkar papat kang ana ing buritan sarta aku padha ngarep-arep, muga-muga enggal esuk.

30. Nanging wong-wong kapal padha sumedya minggat saka ing prau, sarta padha ngudhunake sekoci, rewa-rewa arep mbuwangi jangkar saka ing ngarep.

31. Mulane Rasul Paulus banjur matur marang opsir lan para prajurit: “Manawi tiyang-tiyang punika boten lestantun wonten ing baita, panjenengan sadaya boten badhe wilujeng.”

32. Para prajurit banjur ngethoki talining sekoci, tumuli dicegurake.

33. Bareng wis ngarepake raina, Rasul Paulus ngatag marang wong kabeh, padha dipurih mangan, pangandikane: “Sampun kawan welas dinten dangunipun anggen panjenengan sami ngantos-antos kemawon, nahan-nahanaken luwe boten dhahar punapa-punapa.

34. Milanipun kula ngaturi pamraogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kangge kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan boten wonten satunggal kemawon ingkang badhe kecalan rambut sanadyan namung saeler kemawon saking sirahipun.”

35. Sawise ngandika mangkono, panjenengane nuli mundhut roti, lan sawise saos sokur marang Gusti Allah ana ing ngarepe wong akeh, rotine banjur dicuwil-cuwil sarta wiwit dhahar.

36. Wong kabeh banjur padha lejar atine, lan iya banjur uga padha mangan.

37. Gunggungku kabeh kang ana ing kapal iku ana rong atus pitung puluh enem.

38. Sawise padha wareg, momotan gandum padha dibuwangi menyang ing sagara, supaya praune bisa entheng.

39. Lan bareng wis awan, wong-wong padha ndeleng sawijining teluk kang pasisire warata. Sanadyan padha durung tau weruh dharatan ing kono, ewasamono banjur mutus sabisa-bisa arep ngandhasake praune ana ing kono.

40. Tali-talining jangkar dikethoki, jangkare padha ditinggal ana ing dhasaring sagara. Tali-tali kemudhi padha diuculi, banjur masang layar panampek, supaya angin bisa nyurung praune menyang ing pasisir.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 27