Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 26:22-32 Kitab Sutji (JAV)

22. Nanging margi saking pitulunganipun Gusti Allah, kawula saged gesang ngantos dumugi sapunika sarta saged nglairaken paseksen dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondene ingkang kawula wartosaken punika boten sanes kajawi ingkang saderengipun sampun kawartosaken dening para nabi lan ugi dening Nabi Musa,

23. inggih punika, bilih Sang Mesih kedah nandhang sangsara saha bilih Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhe wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha bilih Panjenenganipun badhe martosaken bab pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanes.”

24. Bareng Rasul Paulus ngaturake bab iku mau kabeh minangka panjawab, Sang Festus banjur ngandika kalawan sora: “Kowe iku owah, Paulus! Kawruhmu kang akeh iku njalari kowe banjur edan.”

25. Nanging Rasul Paulus nuli matur: “Kawula boten ewah, dhuh, Sang Festus ingkang minulya! Kawula ngaturaken kasunyatan kalayan pikiran ingkang saras!

26. Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalawan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa.

27. Punapa paduka, dhuh, Sang Prabu Agripa, pitados dhateng para nabi? Kawula sumerep, bilih paduka pitados.”

28. Paring wangsulane Sang Prabu Agripa: “Meh bae kowe ngyakinake aku supaya dadi wong Kristen!”

29. Unjuke Rasul Paulus: “Kawula badhe ndedonga dhateng Gusti Allah, supados boten namung paduka kemawon, nanging ugi tiyang-tiyang sanes ingkang wonten ngriki saha mirengaken atur kawula punika, enggal utawi dangu-dangu, sami dados kadosdene kawula, kajawi blenggu punika.”

30. Sang Nata, Sang Walinagara tuwin Sang Putri Bernike lan kabeh kang padha lenggah banjur padha jumeneng.

31. Nalika miyos, padha reraosan: “Tiyang punika boten nglampahi ingkang kenging paukuman pejah utawi paukuman pakunjaran.”

32. Sang Prabu Agripa ngandika marang Sang Festus: “Tiyang punika sajatosipun sampun saged luwar, upami boten nginggahaken prakawisipun dhumateng Sang Nata Agung.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 26