Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 26:16-26 Kitab Sutji (JAV)

16. Nanging saiki tangia lan ngadega. Ingsun ngatingal marang sira iku prelu netepake sira dadi paladen sarta seksi tumrap samubarang kabeh kang wus sira deleng saka Ingsun lan kang bakal Ingsun katingalake marang sira ing tembe.

17. Sira bakal Ingsun pisah saka ing bangsa iki tuwin bangsa-bangsa liyane sarta sira bakal Ingsun utus marani bangsa-bangsa iku,

18. supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.

19. Awit saking punika, dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula boten nate boten mbangun miturut dhumateng wahyu saking swarga punika.

20. Nanging ing sakawit kawula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Dhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudea sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapadene lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.

21. Inggih margi saking punika tiyang-tiyang Yahudi lajeng sami nyepeng kawula wonten ing Padaleman Suci saha ngangkah pejah kawula.

22. Nanging margi saking pitulunganipun Gusti Allah, kawula saged gesang ngantos dumugi sapunika sarta saged nglairaken paseksen dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondene ingkang kawula wartosaken punika boten sanes kajawi ingkang saderengipun sampun kawartosaken dening para nabi lan ugi dening Nabi Musa,

23. inggih punika, bilih Sang Mesih kedah nandhang sangsara saha bilih Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhe wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha bilih Panjenenganipun badhe martosaken bab pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanes.”

24. Bareng Rasul Paulus ngaturake bab iku mau kabeh minangka panjawab, Sang Festus banjur ngandika kalawan sora: “Kowe iku owah, Paulus! Kawruhmu kang akeh iku njalari kowe banjur edan.”

25. Nanging Rasul Paulus nuli matur: “Kawula boten ewah, dhuh, Sang Festus ingkang minulya! Kawula ngaturaken kasunyatan kalayan pikiran ingkang saras!

26. Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalawan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 26