Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 26:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Agripa tumuli ngandika marang Rasul Paulus: “Kowe wis kalilan ngaturake panjawab.” Rasul Paulus banjur kumlawe astane sarta ngaturake panjawab mangkene:

2. “Dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula rumaos tampi kabegjan, dene ing dinten punika kawula dipun parengaken ngaturaken panjawab wonten ing ngarsa dalem tumrap sadaya gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi dhumateng kawula,

3. punapa malih margi paduka nguningani saestu bab adat-tata-cara tuwin padudonipun tiyang Yahudi. Awit saking punika kawula keparenga nyuwun wonten ing ngarsa dalem, mugi karsaa midhangetaken atur kawula kalayan sabar.

4. Sadaya tiyang Yahudi sami nyumerepi gesang kawula wiwit anem, amargi wiwit wiwitan mila kawula gesang wonten ing satengahing bangsa kawula ing Yerusalem.

5. Sampun dangu sanget anggenipun sami pitepangan kaliyan kawula saha bokbilih purun, sami saged suka paseksen, bilih kawula gesang kadosdene tiyang Farisi manut golongan ingkang keras wonten ing salebeting agami kita.

6. Dene sapunika kawula kedah ngadhep wonten ing ngarsaning pangadilan punika, jalaran kawula ngajeng-ajeng dhateng kaleksananing prajanjian, ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah dhateng para leluhur kita,

7. saha ingkang dipun antos-antos dening taler kita kalih welas ing salebetipun sami nindakaken pangibadahipun rinten dalu kaliyan tegen. Inggih margi saking pangajeng-ajeng punika, dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula dipun gigat dening tiyang-tiyang Yahudi.

8. Kadospundi, dene panjenengan sadaya nggalih mokal, bilih Gusti Allah nangekaken tiyang pejah?

9. Sanadyan kadospundi kemawon, kawula piyambak nate nginten, bilih kawula kedah tumindak keras nglawan asmanipun Gusti Yesus saking ing Nasaret.

10. Bab punika kawula tindakaken ugi wonten ing Yerusalem. Kawula boten namung nglebetaken para suci kemawon dhateng ing pakunjaran, sasampunipun kawula tampi panguwaos saking para pangajenging imam, nanging kawula inggih ngrujuki, bilih tiyang-tiyang punika sami kaukum pejah.

11. Wonten ing papan-papan pangibadah kawula asring nganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawula peksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun, punapadene margi saking sanget muntabing manah kawula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ing nagari-nagari manca.”

12. “Lan ing salebeting kawontenan ingkang makaten punika, nalika kawula kaliyan panguwaos sacekapipun mundhi dhawuhipun para pangajenging imam lumampah dhateng ing kitha Dhamsyik,

13. dumadakan, dhuh, Sang Prabu Agripa, nuju ing wanci tengange, wonten ing tengah margi punika kawula sumerep cahya ingkang nglangkungi padhanging surya, tumurun saking langit ingkang lajeng nglimputi kawula saha kanca-kanca sesarengan kawula.

14. Kawula sadaya nunten sami ambruk ing siti, tuwin kawula lajeng mireng swara ingkang mangandikani kawula mawi basa Ibrani: Saulus, Saulus, yagene sira kok nganiaya Ingsun? Rekasa sira nungkak angkus.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 26