Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 25:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. Bareng Rasul Paulus wis disowanake, kabeh wong Yahudi kang teka saka ing Yerusalem padha ngadeg ngepung lan ngaturake gugatan akeh kang abot tumrap panjenengane kang ora bisa dibuktekake dening wong-wong mau.

8. Kosok-baline Rasul Paulus ngaturake panjawab mangkene: “Kula sakedhik kemawon boten lepat, punapa dhateng angger-anggering Toretipun tiyang Yahudi, punapa dhateng Padaleman Suci utawi dhateng Sang Nata Agung.”

9. Ewadene sarehne Sang Festus karsa ngepek atine wong Yahudi, nuli maringi wangsulan marang Rasul Paulus, pangandikane: “Apa kowe saguh menyang Yerusalem, supaya diadili ana ing kana ana ing ngarepku bab prakara iki?”

10. Nanging Rasul Paulus matur: “Sapunika kula wonten ing ngarsaning pangadilanipun Sang Nata Agung, kula kedah dipun adili wonten ing ngriku. Kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani saestu, sakedhik kemawon kula boten kalepatan dhateng tiyang Yahudi.

11. Dados, manawi kula saestu lepat lan nindakaken piawon ingkang pantes kaukum pejah, kula eklas pejah, nanging manawi punapa ingkang kagigataken tumrap kula punika kabukten boten leres, boten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kula dhateng tiyang-tiyang punika kadosdene ganjaran. Kula nyuwun minggah dhateng pangadilanipun Sang Nata Agung!”

12. Bareng wis karembag karo para warganing pangadilan, Sang Festus banjur ngandika: “Kowe nyuwun munggah marang Sang Nata Agung, yen mangkono kowe kudu sowan ing ngarsane Sang Nata Agung.”

13. Let sawatara dina Sang Prabu Agripa karo Sang Putri Bernike rawuh ing Kaisarea karsa mbagekake Sang Festus.

14. Sarehne lereb ana ing kono sawatara dina, Sang Festus nyariyosake prakarane Rasul Paulus marang Sang Nata, ature: “Ing ngriki wonten satunggaling tiyang tahanan ingkang dipun tilar Feliks, nalika tindak.

15. Kala kula wonten ing Yerusalem, para pangajenging imam saha para pinisepuhipun tiyang Yahudi sami nggigat piyambakipun saha nyuwun, supados tiyang punika dipun ukum.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 25