Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 24:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Lan wong-wong Yahudi iya padha nyarujuki pandakwa iku lan matur, yen pancen dhasar mangkono.

10. Sang Walinagara banjur paring sasmita marang Rasul Paulus, yen wis diparengake ngaturake panjawab. Rasul Paulus banjur matur: “Kula sumerep, bilih sampun taun-mataun anggen panjenengan ngasta pangadilan tumrap bangsa punika. Milanipun tanpa raos mangu-mangu anggen kula badhe ngaturaken panjawab tumrap prakawis punika wonten ing ngarsa panjenengan:

11. Panjenengan saged nguningani, bilih boten langkung saking kalih welas dinten ingkang kapengker punika anggen kula dhateng ing kitha Yerusalem prelu nindakaken pangibadah.

12. Boten nate wonten tiyang ingkang nyumerepi kula saweg dredah utawi ngawontenaken pageger, punapa wonten ing Padaleman Suci, punapa wonten ing papan pangibadah utawi wonten ing panggenan sanes ing salebeting kitha punika.

13. Saha tiyang-tiyang punika boten saged mbuktekaken wonten ing ngarsa panjenengan, punapa ingkang sapunika kagigataken tumrap kula punika.

14. Namung kemawon kula ngakeni wonten ing ngarsa panjenengan, bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhur kula kalayan ngenut Margining Pangeran punika, inggih punika Margi ingkang dipun wastani sekte dening tiyang-tiyang punika. Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ing angger-anggering Toret saha ing kitabipun para nabi.

15. Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, sami ugi kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhe wonten patangenipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.

16. Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.

17. Sareng sampun sawatawis taun dangunipun, kula wangsul dhateng Yerusalem prelu badhe nyukani dana dhateng bangsa kula saha saos pisungsung.

18. Nalika kula saweg nindakaken punika sadaya, wonten tiyang Yahudi sawatawis ingkang dhateng saking tanah Asia, sami nrenjuhi kula wonten ing Padaleman Suci, sasampunipun kula nucekaken badan kula, boten kaliyan tiyang kathah utawi boten nuwuhaken pageger.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 24