Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 24:15-27 Kitab Sutji (JAV)

15. Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, sami ugi kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhe wonten patangenipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.

16. Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.

17. Sareng sampun sawatawis taun dangunipun, kula wangsul dhateng Yerusalem prelu badhe nyukani dana dhateng bangsa kula saha saos pisungsung.

18. Nalika kula saweg nindakaken punika sadaya, wonten tiyang Yahudi sawatawis ingkang dhateng saking tanah Asia, sami nrenjuhi kula wonten ing Padaleman Suci, sasampunipun kula nucekaken badan kula, boten kaliyan tiyang kathah utawi boten nuwuhaken pageger.

19. Inggih tiyang-tiyang punika ingkang pancenipun kedah sowan ing ngarsa panjenengan saha ngajengaken panggigat, manawi gadhah prakawis kaliyan kula.

20. Ewasamanten inggih sampun kajengipun tiyang-tiyang ingkang wonten ing ngriki sapunika punika sami munjuk, piawon punapa ingkang pinanggih wonten ing kula, nalika kula wonten ing ngarsaning Pradata Agami.

21. Punapa bokmanawi namung margi saking pangucap kula, nalika kula ngadeg wonten ing satengahing tiyang-tiyang wau, inggih punika: Margi saking bab patangenipun tiyang-tiyang pejah, kula ing dinten punika dipun ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan.”

22. Nanging Sang Feliks, kang wis nguningani temenan bab Margining Pangeran, karsane ngundur prakara iku, pangandikane: “Yen panggedhe prajurit Lisias wis mrene, aku bakal mutus prakaramu.”

23. Banjur dhawuh marang opsir, supaya Rasul Paulus tetep ditahan, nanging kalawan tahanan kang entheng, sarta para mitrane kang padha ngladeni, aja dipenggak.

24. Let sawatara dina Sang Feliks rawuh karo garwane, Sang Putri Drusila, putri Yahudi, banjur dhawuh nimbali Rasul Paulus sarta nuli midhangetake katrangane bab pracaya marang Gusti Yesus Kristus.

25. Nanging nalika Rasul Paulus matur bab kasampurnan, bab ngendhaleni diri, lan bab pangadilan kang bakal kalakon, Sang Feliks banjur rumaos ajrih, nuli ngandika: “Cukup samene bae dhisik, saiki mundura; besuk yen aku pinuju sela, kowe bakal daktimbali maneh.”

26. Karodene panjenengane ngajeng-ngajeng tampia dhuwit saka Rasul Paulus, mulane kerep ditimbali diajak ngandikan.

27. Nanging bareng wis ganep rong taun, Sang Feliks digentosi Sang Perkius Festus lan kanggo nyenengake atine wong Yahudi, Sang Feliks nglestarekake Rasul Paulus katahan ana ing pakunjaran.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 24