Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 22:24-30 Kitab Sutji (JAV)

24. mulane panggedhening prajurit banjur dhawuh nglebokake Rasul Paulus menyang ing beteng sarta mriksa lan nyapu panjenengane, supaya bisa kasumurupan apa sababe dene wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengane.

25. Nanging nalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu, panjenengane banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib: “Punapa panjenengan dipun parengaken nyapu warganagari Rum, punapa malih tanpa dipun adili?”

26. Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhening prajurit, ature: “Punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Rum?”

27. Panggedhening prajurit banjur murugi Rasul Paulus lan ndangu: “Pratelaa, apa bener kowe iku warganagara Rum?” Atur wangsulane Rasul Paulus: “Inggih.”

28. Panggedhe prajurit banjur ngandika maneh: “Anggonku dadi warganagara Rum iku sarana tuku kalawan rega akeh.” Rasul Paulus mangsuli: “Nanging kula gadhah wewenang punika margi saking kalairan kula.”

29. Wasana wong-wong kang kawajiban nyapu nuli enggal-enggal mundur. Dene panggedhe prajurit iku iya wedi, bareng ngreti, yen Rasul Paulus iku wong Rum, mangka panjenengane kang dhawuh mbanda.

30. Ewasamono panggedhe prajurit mau kapengin nguningani kalawan tliti apa kang dadi pandakwane wong-wong Yahudi marang Rasul Paulus. Mulane esuke dhawuh nimbali Rasul Paulus saka ing pakunjaran lan dhawuh, supaya pangarepe imam lan Pradata Agama nglumpuk. Banjur dhawuh ngirid Rasul Paulus saka beteng diladekake marang ngarsane Pradata mau.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 22