Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 22:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya.”

22. Rakyat ngrungokake Rasul Paulus nganti tekan pangandikane kang mangkono iku, nanging sawise iku banjur wiwit nguwuh-uwuh: “Tiyang punika kasirnakna saking ing bumi, boten pantes gesang!”

23. Wong-wong mau terus bae anggone bengok-bengok karo nguncalake jubahe sarta nyawur-nyawurake lebu mandhuwur,

24. mulane panggedhening prajurit banjur dhawuh nglebokake Rasul Paulus menyang ing beteng sarta mriksa lan nyapu panjenengane, supaya bisa kasumurupan apa sababe dene wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengane.

25. Nanging nalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu, panjenengane banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib: “Punapa panjenengan dipun parengaken nyapu warganagari Rum, punapa malih tanpa dipun adili?”

26. Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhening prajurit, ature: “Punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Rum?”

27. Panggedhening prajurit banjur murugi Rasul Paulus lan ndangu: “Pratelaa, apa bener kowe iku warganagara Rum?” Atur wangsulane Rasul Paulus: “Inggih.”

28. Panggedhe prajurit banjur ngandika maneh: “Anggonku dadi warganagara Rum iku sarana tuku kalawan rega akeh.” Rasul Paulus mangsuli: “Nanging kula gadhah wewenang punika margi saking kalairan kula.”

29. Wasana wong-wong kang kawajiban nyapu nuli enggal-enggal mundur. Dene panggedhe prajurit iku iya wedi, bareng ngreti, yen Rasul Paulus iku wong Rum, mangka panjenengane kang dhawuh mbanda.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 22