Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 22:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Lan saiki kapriye, dene kowe isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmane Gusti!

17. Sasampunipun makaten kula lajeng wangsul dhateng Yerusalem lan nalika kula saweg ndedonga wonten ing Padaleman Suci, roh kula linimputan ing panguwaosipun Allah.

18. Kula ningali Panjenenganipun, ingkang lajeng ngandika dhateng kula: Dienggal, mangkata saka ing Yerusalem dienggal, amarga wong-wong ora bakal nampani paseksenira ing bab Ingsun.

19. Atur wangsulan kula: Gusti, tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih kawula punika ingkang ndhatengi papan-papan pangibadah saha ingkang nglebetaken tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng Paduka dhateng ing pakunjaran sarta ingkang nyapu tiyang-tiyang wau.

20. Salajengipun nalika rahipun Stefanus, seksi Paduka kawutahaken, kawula wonten ing ngriku, saha kawula ngrujuki pandamel punika, punapa dene kawula nengga panganggenipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi.

21. Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya.”

22. Rakyat ngrungokake Rasul Paulus nganti tekan pangandikane kang mangkono iku, nanging sawise iku banjur wiwit nguwuh-uwuh: “Tiyang punika kasirnakna saking ing bumi, boten pantes gesang!”

23. Wong-wong mau terus bae anggone bengok-bengok karo nguncalake jubahe sarta nyawur-nyawurake lebu mandhuwur,

24. mulane panggedhening prajurit banjur dhawuh nglebokake Rasul Paulus menyang ing beteng sarta mriksa lan nyapu panjenengane, supaya bisa kasumurupan apa sababe dene wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengane.

25. Nanging nalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu, panjenengane banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib: “Punapa panjenengan dipun parengaken nyapu warganagari Rum, punapa malih tanpa dipun adili?”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 22