Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 22:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. “Para sadherek saha bapak-bapak, sumangga sami kula aturi mirengaken panjawab kula dhateng panjenengan sapunika.”

2. Nalika wong akeh krungu anggone ngandika ing basa Ibrani, saya mundhak sirepe. Panjenengane banjur ngandika:

3. “Kula punika tiyang Yahudi, kalairan ing Tarsus ing tanah Kilikia, nanging kagulawenthah wonten ing kitha ngriki, kawulang kalayan taliti ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita wonten ing ngarsaning sampeyanipun Sang Gamaliel, matemah kula lajeng dados tiyang ingkang meleng ing pangabekti dhumateng Gusti Allah, kados panjenengan sadaya punika.

4. Punapa dene tiyang-tiyang ingkang sami ngenut margi punika sami kula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-estri sami kula cepengi tuwin kula pasrahaken dhateng ing pakunjaran.

5. Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradata Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksen, kula inggih kaparingan serat-serat kangge para sadherek ing kitha Dhamsyik, lajeng kesah mrika badhe nyepengi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami ngenut margi punika, sami bahde kula bekta dhateng ing Yerusalem supados sami kaukum.

6. Nanging sareng lampah kula sampun celak ing kitha Dhamsyik, inggih punika ing wanci tengange, dumadakan wonten cahya ingkang gumebyar saking langit nglimputi kula.

7. Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swara ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?

8. Atur wangsulan kula: Paduka punika sinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun iki Yesus saka ing Nasaret, kang sira kuya-kuya.

9. Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging swaraning Panjenenganipun ingkang ngandika dhateng kula, punika sami boten mireng.

10. Kula lajeng munjuk: Gusti, punapa ingkang kedah kawula lampahi? Paring wangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega, mangkata menyang ing kutha Dhamsyik. Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup, apa kang bakal kabubuhake marang sira.

11. Sarehning kula boten saged ningali, jalaran saking kenging cahya ingkang mblerengi mripat wau, mila kanca-kanca ingkang tunggil lampah kaliyan kula lajeng nyepeng tangan kula, kula katuntun dhateng Dhamsyik.

12. Ing ngriku wonten satunggaling tiyang ingkang nama Ananias, tiyang ingkang manut angger-anggering Toret saha kaseksenan sae wonten ing satengahing sadaya tiyang Yahudi ingkang wonten ing ngriku.

13. Punika dhateng saha ngadeg ing sacelak kula tuwin wicanten: Saulus, sadulur, meleka lan bisaa ndeleng! Sanalika punika ugi kula saged ningali malih saha nyumerepi piyambakipun.

14. Piyambakipun lajeng wicanten: Allahe leluhur kita wus netepake kowe supaya nyumurupi karsane, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka ing lesane.

15. Sabab kowe pinasthi dadi seksine ana ing ngarepe wong kabeh ing bab samubarang kang wus kokdeleng lan kokrungu.

16. Lan saiki kapriye, dene kowe isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmane Gusti!

17. Sasampunipun makaten kula lajeng wangsul dhateng Yerusalem lan nalika kula saweg ndedonga wonten ing Padaleman Suci, roh kula linimputan ing panguwaosipun Allah.

18. Kula ningali Panjenenganipun, ingkang lajeng ngandika dhateng kula: Dienggal, mangkata saka ing Yerusalem dienggal, amarga wong-wong ora bakal nampani paseksenira ing bab Ingsun.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 22