Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 20:19-29 Kitab Sutji (JAV)

19. anggonku kalawan andhap asor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdi iku aku kerep banget ngetokake eluh nganti carocosan sarta ngalami pangrencanane wong Yahudi pirang-pirang, kang arep mateni aku.

20. Sanadyan mangkono, aku ora tau nglirwakake apa kang migunani tumrap kowe kabeh. Kabeh wus dakcaritakake lan dakwulangake marang kowe, ana ing ngarepe wong akeh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu;

21. aku tansah ngyakinake marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobata marang Gusti Allah sarta padha pracayaa marang Gusti kita Yesus Kristus.

22. Nanging ing saikine aku lelaku menyang Yerusalem kayadene tawanane Sang Roh, aku ora ngreti apa kang bakal kalakon tumraping aku ana ing kana

23. saliyane kang diwedharake dening Sang Roh Suci marang aku ana sawiji-wijining kutha, yen aku bakal kakunjara lan sinangsara.

24. Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.

25. Apadene saiki aku sumurup, yen kowe bakal padha ora weruh aku maneh, kowe kabeh kang wus padha dakparani dakwartani bab Kratoning Allah.

26. Mulane ing dina iki aku pratela marang kowe kalawan temen-temen, manawa aku resik, ora kaluputan marang sapa bae kang bakal nemu karusakan.

27. Sabab aku ora nglirwakake ing bab martakake karsaning Allah kabeh marang kowe.

28. Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak

29. Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 20