Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 19:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Ananging bareng ana sawatara kang puguh lan tetep ora gelem diyakinake, malah ngala-ala Margining Pangeran ana ing ngarepe wong akeh, Rasul Paulus banjur nilar wong-wong mau, para siswane dipisah saka ing kono, sarta ing saben dinane memulang ana ing papan kuliyahe Tiranus.

10. Bab iki ditindakake rong taun lawase, temahan wong saisining tanah Asia kabeh padha ngrungokake pangandikane Gusti, wonga Yahudi, wonga Yunani.

11. Gusti Allah ngawontenake mukjijat-mukjijat kang ngedab-edabi lumatar Rasul Paulus,

12. malah nganti kacu utawa lawon kang tau diagem dening Rasul Paulus ditumpangake ing wong lara, temahan mari larane sarta dhemite padha metu.

13. Ana sawenehe wong Yahudi sawatara, tukang njapani ideran, kang padha nyoba nyebut asmane Gusti Yesus kanggo wong kang kasurupan dhemit, kalawan ngucap: “Kowe daksupatani atas asmane Gusti Yesus, kang diwartakake dening Rasul Paulus.”

14. Wong-wong kang nindakake mangkono iku pitu, anake pangareping imam Yahudi, kang jeneng Skewa.

15. Nanging dhemite mangsuli: “Kang asma Yesus iku aku wis wanuh, lan Rasul Paulus aku wis weruh, nanging kowe, sapa kowe iku?”

16. Wong kang kasurupan dhemit iku banjur nubruk marang wong-wong mau, padha kalah rosa, mulane kalah, temahan kalawan kawudan lan ketaton padha lumayu saka ing omahe wong iku.

17. Bab iku kasumurupan dening kabeh wong ing Efesus, wong Yahudi lan wong Yunani, temah kabeh padha ketaman ing wedi, sarta asmane Gusti Yesus dadi saya kondhang.

18. Akeh wong panunggalane kang wis padha manjing pracaya, kang padha teka lan ngaku ana ing ngarepe wong akeh, yen wis padha tau nglakoni mangkono.

19. Uga akeh wong panunggalane kang wis tau nindakake sikir, kang banjur nglumpukake buku-bukune lan diobong ana ing ngarepe wong akeh. Ajine buku-buku iku ditaksir ana seket ewu dhuwit salaka.

20. Marga saka mangkono pangandikane Gusti saya sumebar lan saya unggul.

21. Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lan Akhaya. Pangandikane: “Sawise mrono aku iya kudu weruh kutha Rum.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 19