Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 19:26-38 Kitab Sutji (JAV)

26. Mangka saiki kowe padha sumurup lan krungu, nyen Paulus iki ora mung ana ing Efesus bae, nanging uga meh ana ing saindenging tanah Asia, wis mbebujuk lan nasarake wong pirang-pirang kalawan mratelakake, yen apa kang digarap dening tanganing manungsa iku dudu dewa.

27. Marga saka iku ora mung panggaotan kita bae kang bakal ana sajroning bebaya bakal diremehake ing wong, nanging uga kabuyutane Sang Artemis, dewi agung iku, bakal tanpa teges. Lan Sang Artemis piyambak, Sang Artemis kang disembah-sembah dening wong-wong sa-Asia kabeh lan wong sajagad kang wis maju, bakal sirna kaluhurane.”

28. Wong-wong mau bareng krungu kang mangkono iku banjur padha banget nepsune, sarta padha nguwuh-uwuh: “Agung Sang Artemis, sesembahane wong Efesus!”

29. Kaanan ing sakutha kabeh banjur dadi kisruh, wong-wong kabeh padha gumrudug menyang ing gedhong-tontonan lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus, iku padha wong Makedhonia, kang padha lelungan bebarengan karo Rasul Paulus.

30. Bareng Rasul Paulus arep tindak menyang ing satengah-tengahing wong akeh iku, dipenggak dening para siswane.

31. Malah ana panggedhe sawatara kang asale saka ing tanah Asia, kang wis dadi mitrane Rasul Paulus, iku padha utusan ngengetake marang panjenengane, supaya aja tindak menyang ing gedhong-tontonan.

32. Kocapa wong-wong kang padha nglumpuk ana ing gedhong iku padha bengok-bengok, ana kang nguwuh mangkene, ana kang nguwuh mangkono, sabab kaanane kumpulan iku kisruh ora karuwan, kang akeh malah ora padha sumurup apa prelune nglumpuk iku.

33. Banjur ana wong kang jenenge Aleksander kang dipurih maju dening wong-wong Yahudi. Iku tampa katrangan saka wong akeh bab apa kang kalakon. Iku banjur kumlawe tangane, arep aweh katrangan minangka panjawab marang wong akeh iku.

34. Nanging bareng wong-wong padha mangreti, yen iku wong Yahudi, banjur padha nguwuh-uwuh bebarengan nganti suwene kira-kira rong jam: “Agung Sang Artemis, sesembahane wong Efesus!”

35. Nanging tumuli disirep dening panitraning kutha, pangucape: “Heh, wong-wong Efesus! Sapa ta kang ora ngreti, yen kutha Efesus iku kang rumeksa marang kabuyutane Dewi Artemis, kang mahaagung, sarta recane kang tumurun saka ing langit?

36. Bab iku ora kena dipadoni, mulane sadulur kabeh, sing padha tentrem lan aja kesusu tumandang.

37. Dene mungguh wong-wong kang padha kokgawa mrene iku ora ngrampog kabuyutane sesembahan kita sarta ora nyenyamah asmane.

38. Dadi manawa Demetrius lan tukang-tukange duwe prakara karo sawijining wong, rak wis ana pangadilan lan ana gupernur, dadi cikben padha gugat-ginugat ana ing kono.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 19