Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 19:16-28 Kitab Sutji (JAV)

16. Wong kang kasurupan dhemit iku banjur nubruk marang wong-wong mau, padha kalah rosa, mulane kalah, temahan kalawan kawudan lan ketaton padha lumayu saka ing omahe wong iku.

17. Bab iku kasumurupan dening kabeh wong ing Efesus, wong Yahudi lan wong Yunani, temah kabeh padha ketaman ing wedi, sarta asmane Gusti Yesus dadi saya kondhang.

18. Akeh wong panunggalane kang wis padha manjing pracaya, kang padha teka lan ngaku ana ing ngarepe wong akeh, yen wis padha tau nglakoni mangkono.

19. Uga akeh wong panunggalane kang wis tau nindakake sikir, kang banjur nglumpukake buku-bukune lan diobong ana ing ngarepe wong akeh. Ajine buku-buku iku ditaksir ana seket ewu dhuwit salaka.

20. Marga saka mangkono pangandikane Gusti saya sumebar lan saya unggul.

21. Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lan Akhaya. Pangandikane: “Sawise mrono aku iya kudu weruh kutha Rum.”

22. Banjur utusan pambantune loro, yaiku Timoteus lan Erastus, kadhawuhan ndhisiki menyang ing tanah Makedhonia, dene panjenengane piyambak kantun ana ing tanah Asia sawatara mangsa.

23. Kacarita kira-kira ing wektu iku tuwuh pageger gedhe marga saka Margining Pangeran.

24. Awit ana sawijining kemasan jenenge Demetrius, kang pangupajiwane gawe pepethan salaka kabuyutane Dewi Artemis. Iku ngolehake kauntungan ora sathithik marang wong kang padha nunggal sapagawean.

25. Wong-wong iku padha diklumpukake dalah para tukang-tukange kang tunggal sapanggaotan sarta padha dituturi mangkene: “He, para sadulur, kowe kabeh padha sumurup, yen karaharjanku kabeh iku marga saka panggaotan iki!

26. Mangka saiki kowe padha sumurup lan krungu, nyen Paulus iki ora mung ana ing Efesus bae, nanging uga meh ana ing saindenging tanah Asia, wis mbebujuk lan nasarake wong pirang-pirang kalawan mratelakake, yen apa kang digarap dening tanganing manungsa iku dudu dewa.

27. Marga saka iku ora mung panggaotan kita bae kang bakal ana sajroning bebaya bakal diremehake ing wong, nanging uga kabuyutane Sang Artemis, dewi agung iku, bakal tanpa teges. Lan Sang Artemis piyambak, Sang Artemis kang disembah-sembah dening wong-wong sa-Asia kabeh lan wong sajagad kang wis maju, bakal sirna kaluhurane.”

28. Wong-wong mau bareng krungu kang mangkono iku banjur padha banget nepsune, sarta padha nguwuh-uwuh: “Agung Sang Artemis, sesembahane wong Efesus!”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 19