Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 18:18-28 Kitab Sutji (JAV)

18. Rasul Paulus isih lereb sawatara dina engkas ana ing kutha Korinta, banjur pamitan marang para sadulur ing kono lan sawise paras ana ing palabuhan Kengkrea, jalaran kagungan nadar, tumuli bidhal layar menyang ing tanah Siria. Priskila lan Akwila padha ndherek.

19. Bareng wis rawuh ing kutha Efesus, Priskila lan Akwila ditilar dening Rasul Paulus ana ing kono. Panjenengane piyambak lumebet ing papan pangibadah lan wawan rembag karo wong-wong Yahudi.

20. Iku padha darbe panyuwun, supaya karsaa lereb sawatara suwe ana ing kono, nanging ora disembadani.

21. Panjenengane pamitan kalawan ngandika: “Kula badhe mriki malih, manawi Gusti Allah ngarsakaken.” Banjur mancal saka ing Efesus.

22. Bareng wis rawuh ing kutha Kaisarea banjur mentas lan sawuse ngaturake salam marang pasamuwan, nuli tindak menyang ing kutha Antiokhia.

23. Sawuse lereb sawatara dina ana ing kono, panjenengane banjur tindak maneh njajah ing satanah Galati lan Frigia kabeh, nyantosakake atine para siswa kabeh.

24. Nalika samana ana ing sawijining wong Yahudi jenenge Apolos, asale saka ing kutha Aleksandria, teka ing Efesus. Iku wong kang micara lan putus ing Kitab Suci.

25. Dheweke wis tampa piwulang bab Margining Pangeran. Kalawan semangat sarta kalawan patitis anggone nglairake piwulange bab Gusti Yesus, nanging kang disumurupi mung bab baptise Nabi Yokanan.

26. Anggone wiwit memulang kalawan kendel ana ing papan pangibadah. Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu, Apolos banjur diajak menyang ing omahe sarta diwenehi katrangan kanthi cetha lan tliti bab Margining Allah.

27. Sarehning Apolos kapengin menyang ing tanah Akhaya, sadulur-sadulur ing Efesus nuli kirim layang marang para siswa ing kono, supaya ditampanana. Satekane ing Akhaya, marga saka sih-rahmate Gusti Allah banjur dadi wong kang migunani banget tumrap para wong kang padha pracaya.

28. Awitdene tanpa leren anggone madoni wong-wong Yahudi ana ing ngarepe wong akeh sarta nelakake saka ing Kitab Suci, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 18