Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 18:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Rasul Paulus banjur nilar kutha Atena, tindak menyang ing kutha Korinta.

2. Ana ing Korinta ketemu karo sawijining wong Yahudi jenenge Akwila, asale saka ing tanah Pontus, kang lagi bae teka saka ing tanah Italia karo Priskila, bojone, sabab Sang Nata Agung Klaudius dhawuh, supaya kabeh wong Yahudi lunga saka ing kutha Rum. Rasul Paulus banjur tindak menyang ing omahe,

3. sarta sarehne pagaweane padha, banjur manggen tunggal sapamondhokan. Karone nyambutgawe bebarengan, amarga padha-padha tukang tarub.

4. Saben dina Sabat Rasul Paulus memulang ana ing papan pangibadah lan ngudi ngyakinake wong-wong Yahudi lan wong-wong Yunani.

5. Bareng Silas lan Timoteus teka saka ing tanah Makedhonia, Rasul Paulus bisa mligi nyebar pangandika sarta paring paseksen marang para wong Yahudi, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.

6. Nanging bareng wong-wong iku padha madoni lan nyenyamah, panjenengane nuli ngetabake lebu kang ana ing pangagemane tuwin ngandika: “Getihmu nempuha marang awakmu dhewe; aku resik, ora luput. Wiwit saiki aku bakal marani bangsa-bangsa liya.”

7. Sawuse mangkono banjur miyos saka ing kono, lan banjur tindak menyang ing omahe wong kang aran Titius Yustus, kang ngabekti marang Gusti Allah lan kang omahe sandhing papan pangibadah.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 18