Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 18:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Rasul Paulus banjur nilar kutha Atena, tindak menyang ing kutha Korinta.

2. Ana ing Korinta ketemu karo sawijining wong Yahudi jenenge Akwila, asale saka ing tanah Pontus, kang lagi bae teka saka ing tanah Italia karo Priskila, bojone, sabab Sang Nata Agung Klaudius dhawuh, supaya kabeh wong Yahudi lunga saka ing kutha Rum. Rasul Paulus banjur tindak menyang ing omahe,

3. sarta sarehne pagaweane padha, banjur manggen tunggal sapamondhokan. Karone nyambutgawe bebarengan, amarga padha-padha tukang tarub.

4. Saben dina Sabat Rasul Paulus memulang ana ing papan pangibadah lan ngudi ngyakinake wong-wong Yahudi lan wong-wong Yunani.

5. Bareng Silas lan Timoteus teka saka ing tanah Makedhonia, Rasul Paulus bisa mligi nyebar pangandika sarta paring paseksen marang para wong Yahudi, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.

6. Nanging bareng wong-wong iku padha madoni lan nyenyamah, panjenengane nuli ngetabake lebu kang ana ing pangagemane tuwin ngandika: “Getihmu nempuha marang awakmu dhewe; aku resik, ora luput. Wiwit saiki aku bakal marani bangsa-bangsa liya.”

7. Sawuse mangkono banjur miyos saka ing kono, lan banjur tindak menyang ing omahe wong kang aran Titius Yustus, kang ngabekti marang Gusti Allah lan kang omahe sandhing papan pangibadah.

8. Nanging Krispus, lelurahe papan pangibadah, manjing pracaya marang Gusti dalah sabrayate sarta akeh wong Korinta, kang padha ngrungokake pangandikane Rasul Paulus, banjur manjing pracaya, nuli padha kabaptis.

9. Ing sawijining bengi Gusti ngandika marang Rasul Paulus sarana wahyu: “Aja wedi! Terusna anggonmu martakake pangandika lan aja leren!

10. Amarga Aku nunggal karo kowe lan ora ana wong kang bakal nyekel lan nganiaya marang kowe, awit umatKu akeh ana ing kutha kene.”

11. Mulane Rasul Paulus nganti sataun nem sasi anggone lereb ana ing kono sarta mulangake pangandikane Gusti Allah ana ing satengahe wong-wong ing kono.

12. Ananging bareng Sang Galio jumeneng gupernur ana ing tanah Akhaya, wong-wong Yahudi banjur sabiyantu nglawan Rasul Paulus, diirid marang ngarsane pangadilan,

13. ature: “Tiyang punika mbudidaya ngyakinaken tiyang-tiyang supados ngabekti dhumateng Gusti Allah kanthi patrap ingkang cengkah kaliyan angger-anggering Toret.”

14. Bareng Rasul Paulus arep ngaturake panjawab, Sang Gupernur ngandika marang wong-wong Yahudi mau: “Heh, wong-wong Yahudi, saupama pandakwamu iku bab palanggaran utawa kadursilan, wis samesthine manawa aku nampani prakaramu,

15. nanging manawa ana parapadu bab tembung apa jeneng, apa angger-angger tumrap kowe kabeh, iku urusen dhewe; aku emoh ngakimi prakara kang mangkono iku.”

16. Banjur padha ditundhung saka ing ngarsane pangadilan.

17. Wong iku kabeh banjur nyekel Sostenes, lelurahe papan pangibadah, lan digebugi ana ing ngarsane pangadilan, nanging Sang Galio babar pisan ora mreduli bab iku.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 18