Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 17:15-28 Kitab Sutji (JAV)

15. Wong-wong kang ngeterake Rasul Paulus padha ndherek tekan ing kutha Atena, banjur padha bali kalawan diweling supaya Silas lan Timoteus enggal padha nusul.

16. Rasul Paulus sajrone ngentosi ana ing kutha Atena iku, banget sungkawa ing galih, amarga nguningani nagara kono kebak reca-reca brahala.

17. Awit saka iku ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti ing Allah, apadene saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang katrenjuh ana ing kono.

18. Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Epikurus lan Stoa kang padha sarasean karo panjenengane. Ana kang ngucap: “Apa ta sing arep dikandhakake tukang ngoceh iku?” Nanging liyane kandha: “Sajake wong iku nggiyarake piwulange dewa-dewa anyar.” Sabab kang diwartakake iku Injil bab Gusti Yesus lan patangen.

19. Wong-wong mau banjur padha ngaturi Rasul Paulus tindak menyang ing parepatan ing Areopagus lan matur: “Punapa kula sami kepareng mirengaken piwulang enggal ingkang panjenengan wulangaken punika?

20. Amargi kula sami panjenengan wartosi prakawis-prakawis ingkang aneh. Milanipun kula sami kapengin mangretos, punapa tegesipun punika sadaya.”

21. Wong-wong Atena lan wong-wong manca kang padha manggon ing kono iku ora kober mrelokake bab liyane kajaba mung ngandhakake lan ngrungokake samubarang kang anyar.

22. Rasul Paulus banjur jumeneng ana ing Areopagus lan ngandika: “para sadherek ing Atena, kula sumerep, bilih panjenengan sadaya punika tumrap ing samukawis punapa kemawon sakalangkung bekti dhateng para dewa.

23. Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningal-ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih nrenjuhi misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing dewa ingkang boten kasumerepan. Wondene ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan dereng tepang punika, inggih punika ingkang badhe kula wartosaken.

24. Gusti Allah ingkang nitahaken jagad saisinipun sadaya punika, sarehning jumeneng Pangeraning langit lan bumi, pramila boten dumunung wonten ing dalem damelaning manungsa,

25. sarta ugi boten dipun ladosi ing tanganing manungsa, kados wontena kakiranganipun tumrap punapa-punapa, amargi inggih Panjenenganipun punika ingkang paring gesang saha ambekan sarta samukawis kabetahan dhateng manungsa sadaya.

26. Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.

27. Punika supados tiyang sami madosi Panjenenganipun saha mugi-mugi saged kraos tuwin pinanggih kaliyan Panjenenganipun, sanadyan Panjenenganipun punika boten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak.

28. Jalaran kita punika gesang wonten ing Panjenenganipun, kita ebah, kita wonten, kadosdene ingkang ugi sampun kapratelakaken dening para pujangga panjenengan:Sabab kita punika ugi sami trahipun Allah.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 17