Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 16:34-40 Kitab Sutji (JAV)

34. Sakarone banjur didherekake menyang ing omahe lan padha dicaosi pisegah. Lurah pakunjaran mau banget bungahe dene dheweke lan kabeh wong saisining omahe wis padha manjing pracaya marang Gusti Allah.

35. Bareng raina para panggedhening kutha banjur utusan punggawa-punggawa nglantarake dhawuh marang lurahing pakunjaran mangkene: “Wong loro iku padha luwarana!”

36. Lurah pakunjaran banjur nerusake dhawuh mau marang Rasul Paulus, ature: “Para pangagenging kitha sampun utusan, supados panjenengan sami kaluwaran. Awit saking punika panjenengan sami kula aturi tindak lan pangkat kanthi wilujeng!”

37. Nanging Rasul Paulus banjur paring pangandika marang wong-wong mau: “Kula smai tiyang Rum dipun sapu wonten ing ngajenganipun tiyang kathah tanpa katiti-priksa, lajeng kalebetaken ing pakunjaran. Sapunika kula sami kaluwaran sidheman? Boten kenging makaten punika. Para pangageng punika supados rawuh piyambak ngirid kula medal.”

38. Para punggawa mau banjur ngaturake bab iku marang para panggedhening kutha. Iku bareng padha mireng, yen Rasul Paulus lan Silas iku wong Rum, temahan padha ajrih.

39. Banjur padha rawuh nyuwun ngapura, tumuli karone diirid medal sarta diaturi nilar kutha kono.

40. Karone banjur nilar pakunjaran lan tindak menyang ing omahe Lidhia, manggihi para sadulur ing kono sarta sawuse paring panglipur, banjur padha tindak.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 16