Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 16:22-37 Kitab Sutji (JAV)

22. Anadene wong akeh iya padha melu nglawan marang Rasul Paulus lan Silas. Para panggedhening kutha mau banjur dhawuh ndhedheli pangagemane sarta nyapu.

23. Sawuse disapu bola-bali banjur padha dilebokake ing pakunjaran. Lurahe pakunjaran didhawuhi njaga kang santosa.

24. Sarehne mangkono prentahe, mulane sakarone nuli dilebokake ing kamare pakunjaran kang ana ing tengah dhewe, sarta padha kabelok sikile.

25. Watara wayah tengah bengi Rasul Paulus lan Silas padha ndedonga kalawan ngidungake pamuji marang Gusti Allah, dene wong ukuman liyane padha ngrungokake.

26. Dumadakan banjur ana lindhu gedhe, talesing pakunjaran kongsi horeg; lan sanalika iku uga lawang-lawang padha menga, lan rantene wong kabeh padha ucul.

27. Lurahing pakunjaran kaget tangi lan bareng weruh lawange pakunjaran padha menga, banjur ngunus pedhang arep nglalu, awit ngira yen wong-wong ukuman wis padha mlayu.

28. Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuh seru, pangandikane: “Sampun mbilaeni sarira, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!”

29. Lurah pakunjaran banjur njaluk colok lan enggal-enggal lumebu apadene nuli sumungkem ana ing ngarsane Rasul Paulus lan Silas kalawan gumeter.

30. Tumuli padha diirid metu, karo matur: “Dhuh, para sadherek, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?”

31. Banjur dipangandikani: “Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah panjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan.”

32. Banjur diwartani pangandikane Pangeran, samono uga wong saisine omahe kabeh.

33. Ing wektu iku uga sakarone padha disirami bilure, sarta ing bengi iku uga lurah pakunjaran mau dalah brayate padha kabaptis.

34. Sakarone banjur didherekake menyang ing omahe lan padha dicaosi pisegah. Lurah pakunjaran mau banget bungahe dene dheweke lan kabeh wong saisining omahe wis padha manjing pracaya marang Gusti Allah.

35. Bareng raina para panggedhening kutha banjur utusan punggawa-punggawa nglantarake dhawuh marang lurahing pakunjaran mangkene: “Wong loro iku padha luwarana!”

36. Lurah pakunjaran banjur nerusake dhawuh mau marang Rasul Paulus, ature: “Para pangagenging kitha sampun utusan, supados panjenengan sami kaluwaran. Awit saking punika panjenengan sami kula aturi tindak lan pangkat kanthi wilujeng!”

37. Nanging Rasul Paulus banjur paring pangandika marang wong-wong mau: “Kula smai tiyang Rum dipun sapu wonten ing ngajenganipun tiyang kathah tanpa katiti-priksa, lajeng kalebetaken ing pakunjaran. Sapunika kula sami kaluwaran sidheman? Boten kenging makaten punika. Para pangageng punika supados rawuh piyambak ngirid kula medal.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 16