Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 16:2-15 Kitab Sutji (JAV)

2. Timoteus iku wus kaseksenan becike dening para sadulur ing kutha Listra lan ing kutha Ikonium.

3. Karsane Rasul Paulus, iku dadia kanthine ing lampah. Rasul Paulus banjur dhawuh supaya ditetaki marga saka anane wong Yahudi kang padha ana ing wewengkon kono, awit kabeh padha sumurup, yen bapakne iku wong Yunani.

4. Sajrone njajah ing kutha-kutha iku Rasul Paulus lan Silas padha masrahake pancasane para rasul lan para pinituwa ing Yerusalem kalawan piweling supaya diestokna.

5. Marga saka mangkono pasamuwan-pasamuwan padha kasantosakake pracayane lan saya suwe saya wuwuh cacahe.

6. Kacarita lakune ngliwati tanah Frigia lan tanah Galati. Tumuli diampah dening Sang Roh Suci nggelarake Injil ana ing tanah Asia.

7. Satekane ing tanah Misia, banjur padha ngangkah lumebu ing tanah Bitinia, nanging Rohe Gusti Yesus ora marengake.

8. Bareng wis ngliwati tanah Misia, banjur tekan ing kutha Troas.

9. Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu: ana wong Makedhonia ngadeg lan matur marang panjenengane: “Panjenengan kula aturi nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya!”

10. Bareng Rasul Paulus wis mirsani wahyu mau, aku kabeh banjur padha ngarah mangkat menyang ing tanah Makedhonia, awit marga saka anane wahyu mau, aku padha namtokake, yen Gusti Allah kang nimbali kakarsakake nggelarake Injil marang wong-wong ing kono.

11. Aku banjur padha mangkat nunggang prau saka ing Troas, terus ngener ing pulo Samotrake, lan esuke nuli menyang ing kutha Neapolis.

12. Saka ing kono banjur padha menyang ing kutha Filipi, kutha kawitan ing jajahan tanah Makedhonia, sawijining kutha-koloni Rum. Aku padha nginep ana ing kutha kono sawatara dina.

13. Nalika ing dina Sabat aku padha menyang ing sajabaning sakethenging kutha, lumaku ing urut pinggiring kali, banjur mrangguli papan pasembahyanganing wong Yahudi, kang manut pangiraku ana ing kono. Sawise linggih, aku nuli padha rembugan karo wong-wong wadon kang padha kumpulan ana ing kono.

14. Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.

15. Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 16