Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 16:11-30 Kitab Sutji (JAV)

11. Aku banjur padha mangkat nunggang prau saka ing Troas, terus ngener ing pulo Samotrake, lan esuke nuli menyang ing kutha Neapolis.

12. Saka ing kono banjur padha menyang ing kutha Filipi, kutha kawitan ing jajahan tanah Makedhonia, sawijining kutha-koloni Rum. Aku padha nginep ana ing kutha kono sawatara dina.

13. Nalika ing dina Sabat aku padha menyang ing sajabaning sakethenging kutha, lumaku ing urut pinggiring kali, banjur mrangguli papan pasembahyanganing wong Yahudi, kang manut pangiraku ana ing kono. Sawise linggih, aku nuli padha rembugan karo wong-wong wadon kang padha kumpulan ana ing kono.

14. Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.

15. Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.

16. Ing sawijining dina nalika aku padha menyang ing papan pasembahyangan iku, aku padha nrenjuhi sawijining batur tukon wadon kang dadi prewangan sarta kang njalari lurah-lurahe oleh kauntungan akeh.

17. Iku ngetutake Rasul Paulus lan aku kabeh kalawan alok-alok, ujare: “Wong-wong iku abdine Gusti Allah kang Mahaluhur, kang martakake dalaning karahayon marang wong kabeh.”

18. Kang mangkono iku ditindakake nganti pirang-pirang dina. Ananging bareng Rasul Paulus wis ora tahan maneh marang anane rubeda iku, nuli minger sarta dhawuh marang roh iku: “Atas asmane Gusti Yesus Kristus, dhawuhku marang kowe: Metua saka ing wong wadon iki.” Sanalika iku uga roh mau iya banjur metu.

19. Kacarita bareng para lurahe wong wadon mau weruh, yen wis ilang pangarep-arepe bisane oleh pangasilan, banjur padha nyekel Rasul Paulus lan Silas, padha diglandhang menyang pasar katur ing pamarentah.

20. Sawuse padha diajokake marang ing ngarsane para panggedhene kutha kono, nuli padha matur: “Tiyang punika sami nggegeraken nagari kita ngriki, amargi sami tiyang Yahudi

21. sarta sami mulangaken adat-tata-cara ingkang boten kenging kita tampeni utawi kita lampahi, awit kita punika tiyang Rum.”

22. Anadene wong akeh iya padha melu nglawan marang Rasul Paulus lan Silas. Para panggedhening kutha mau banjur dhawuh ndhedheli pangagemane sarta nyapu.

23. Sawuse disapu bola-bali banjur padha dilebokake ing pakunjaran. Lurahe pakunjaran didhawuhi njaga kang santosa.

24. Sarehne mangkono prentahe, mulane sakarone nuli dilebokake ing kamare pakunjaran kang ana ing tengah dhewe, sarta padha kabelok sikile.

25. Watara wayah tengah bengi Rasul Paulus lan Silas padha ndedonga kalawan ngidungake pamuji marang Gusti Allah, dene wong ukuman liyane padha ngrungokake.

26. Dumadakan banjur ana lindhu gedhe, talesing pakunjaran kongsi horeg; lan sanalika iku uga lawang-lawang padha menga, lan rantene wong kabeh padha ucul.

27. Lurahing pakunjaran kaget tangi lan bareng weruh lawange pakunjaran padha menga, banjur ngunus pedhang arep nglalu, awit ngira yen wong-wong ukuman wis padha mlayu.

28. Nanging Rasul Paulus tumuli nguwuh seru, pangandikane: “Sampun mbilaeni sarira, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!”

29. Lurah pakunjaran banjur njaluk colok lan enggal-enggal lumebu apadene nuli sumungkem ana ing ngarsane Rasul Paulus lan Silas kalawan gumeter.

30. Tumuli padha diirid metu, karo matur: “Dhuh, para sadherek, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 16