Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 15:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. Kosokwangsulipun kita pitados, bilih kita badhe tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus kadosdene sadherek-sadherek punika.”

12. Kabeh sing padha marepat banjur padha meneng, tumuli padha ngrungokake critane Rasul Paulus lan Barnabas bab pratandha lan kaelokan kang ditindakake dening Gusti Allah lumantar rasul loro iku ana ing antarane bangsa-bangsa liya.

13. Bareng Rasul Paulus lan Barnabas wis rampung anggone cariyos, Sang Pinisepuh Yakobus banjur ngandika: “Para sadherek, sami kula aturi mirengaken atus kula:

14. Sadherek Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggenipun milih satunggaling bangsa saking antawisipun bangsa-bangsa sanes wau kagem asmanipun.

15. Bab punika cocog kaliyan pangandikanipun para nabi, ingkang kaseratan, wiraosipun:

16. Sawuse mangkono Ingsun bakal wangsulsarta mbangun maneh tarube Dawud kang wis rubuh,lan jugrugane bakal Sunbangun maneh sarta Sunsantosakake,

17. supaya wong-wong liyane kabeh padha ngupaya marang Pangeran,mangkono uga kabeh wong kang ora wanuh marang Gusti Allah,kang Ingsun sebut kagunganingSun.Mangkono pangandikane Pangeran, kang nindakake iku kabeh,

18. kang wus kauningan wiwit sakawit.

19. Awit saking punika pamanggih kula, kita sampun ngantos damel rekaosipun para sadherek saking bangsa-bangsa sanes, ingkang sami mratobat dhateng Gusti Allah.

20. Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadherek-sadherek punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken dening brahala, saha nebihi lampah jina, punapadene nyirik dagingipun kewan tetakan tuwin rah.

21. Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah.”

22. Wasana para rasul tuwin para pinituwa sarta wong sapasamuwan kabeh padha mutus milih wong sawatara saka ing antarane kang bakal kautus menyang ing Antiokhia, bebarengan karo Rasul Paulus lan Barnabas, yaiku Yudas kang peparab Barsabas lan Silas. Iku wong kang padha kajen ana ing antarane para sadulur.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 15